Tantri Basa Basa Jawa Wulangan 5 Nulis Ukara Nganggo Pola Jejer, Wasesa, Lesan
opo iku Jejer? wasesa? lesan?
jejer = subyek
sing ngelakoni penggawean
carane nggoleki jejere , kanthi nggoleki jawaban pitakonan “sapa” utawa “apa”
wasesa = kata kerja
sing nerangke penggawean sing dilakokake subyek
carane nggoleki wasesane, kanthi nggoleki jawaban pitakonan “lagi apa” utawa “kepriye”
lesan = objek
sing nerangake obyek ( barang) utawa saka sing ditindaake marang subyek
carane nggoleki lesan, kanthi nggoleki jawaban pitakon “apa”
Lesan mapan ana ing burine wasesa (nanging ana uga ukara kang ora ana lesane)
maksudnya lesan itu pasti tempatnya berada dibelakang wasesa, tapi ada juga kalimat yang tidak menggunakan atau tidak ada lesan
ayo saiki gatekno tulodho saka ukara iki
1. Rini nulis karangan
sopo sing nulis karangan? Rini
lagi opo Rini? nulis
nulis apa Rini? karangan
dadi, Rini diarani jejer, nulis diarani wasesa, lan karangan diarani lesan
Rini = jejer
nulis = wasesa
karangan = lesan
2. Sapiku mangan suket ing kandhang
sopo sing mangan suket? sapi
lagi opo sapine? mangan
mangan apa sapine? suket
ing ngendi olehe mangan suket? ing kandhang
dadi, sapiku diarani jejer, mangan diarani wasesa, suket diarani lesan, ing kandhang diarani katrangan
Sapiku = jejer
mangan = wasesa
suket = lesan
ing kandhang = katrangan
Coba gatekna, ing ukara kuwi, ing kandhang diarani katrangan, saiki piye carane nggoleki katrangan?
Katrangan iku perangane ukara kang menehi katrangan tambahan ngenani samubarang kang diandharake ana ing ukara. Upamane menehi katrangan ngenani wektu utawa panggonan
Katrangan atau keterangan itu memberikan tambahan informasi dalam suatu kalimat, seperti keterangan tentang waktu atau tempat
0 Komentar